Istiqomah majlisan
Ceramah
A
ahmad rohmatullah
5 Mei 2026
3 menit baca
2 views
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ و...
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:
وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ (١١٤)
[Surah Hud: 114]
رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang terhormat, para alim ulama, para kiai, panjenenganipun Bapak/Ibu tokoh masyarakat, para sesepuh, pinisepuh, ugi hadirin wal hadirat langkung-langkung sederek-sederek kula, para ibu ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah SWT. Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat, kenikmatan, lan kesehatan saengga kita saged kempal wonten ing majelis ingkang sae menika. Matur tumpuk, matur nuwun sanget atas rawuh panjenengan sedaya. Dinten menika kula badhe ngaturaken sekedhap ceramah kanthi tema "Istiqomah Majelisan", nanging mangga dipun ngertosi, jenenge majelis iki wis nggarai ati bungah, opo meneh nek isine yo mung ngomongke sing apik-apik. Dadi ora kaget nek ibu-ibu ndak kabeh seneng kumpul majelisan.
Ibu-ibu ingkang kula tresnani, Istiqomah niku artine tetep, ajeg, ora ganti-ganti. Nah, nalika kita ngomongke "istiqomah majelisan", niku artine yo kudu ajeg-ajeg rawuh teng majelis taklim, majelis shalawat, utawi majelis ngaji niki. Nopo to gunanipun istiqomah majelisan niki? Kok penting banget? Para bapak-bapak lan ibu-ibu mbok menawi wonten ingkang dereng saged mbayangaken, monggo kula aturaken sekedhap.
Nalika kita rawuh teng majelis niki, niku ibaratipun nemahi "promo" saking Allah SWT. Nopo to promo niku? Nggih, mugi-mugi saben langkah saking omah dugi mriki, niku dipun paringi ganjaran dening Allah. Kados hadits ingkang dipun dhawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
"مَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَطْلُبُ فِيهِ عِلْمًا، سَهَّلَ اللهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ."
(H.R. Muslim)
Artinipun: "Sapa wonge sing luru ilmu, Allah bakal ngemudakake dalane mlebu suwarga."
Lha ibaratipun niki, majelis niki nggih dalan nggo luru ilmu, dados kanthi rawuh kene, niku jenengan wis nempuh dalan suwarga. Lumayan to, entuk tiket suwarga mung nganggo mlaku-mlaku lan lungguh rapi. Iki jenenge investasi akhirat sing paling untung!
Selajengipun, nopo malih keuntunganipun istiqomah majelisan? Iki sing paling penting, ibu-ibu. Neng nggon majelis niku kene ora mung omong kosong. Kene niku nggo ngancik-ancik "saringan" gesang. Dadi nek wonten godaan utawi masalah ingkang nyenggol ati, niku nggih dipun ngemutaken ben ora salah mlaku. Pripun nggih, lha ngoten niku, nek kalih bojone sambat, kalih tanggane nesunan, kalih tangga teparone malah isin. Neng majelis niki, saget ngguyu bareng, tangis bareng kalih Gusti Allah, terus akhire nggih sabar lan legowo. Kados firman Allah wonten ing Surat Hud ayat 114:
"وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ"
Artinipun: "Lan netepana salat ing rong wektu awan lan saperang wektu ing bengi. Sak temune panggawe becik iku ngilangake panggawe ala. Iku dadi pangeling-eling kanggo wong kang gelem ngeling-eling."
Nah, niki buktinipun. Wonten majelis taklim, entuk piwulang-piwulang sing nggih niku akeh apike dadi menungso. Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kekuwatan dening Allah SWT kangge tetep istiqomah wonten ing majelis-majelis ingkang sae menika. Amin.
Monggo sesarengan ndungo, mugi-mugi Allah paringi kekuatan lan keistiqomahan menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten.
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ.